Rabu, 20 Januari 2021

My Milad, 20 Januari 2021

 



                                          Happy milad ustadzah nurin🎂🥳🥰sugeng ambal warso,,happy birthday,, barakallah fii umrik,, barakallah fii rizqi , barakallah fii 'ilmi ...semoga selalu dalam lindungan gusti Allah...diberikan kesehatan,,pokoknya do'a yg baik² kangge njenengan,,, jazakillah sudah membagi ilmunya kapada saya dan teman² menjadi guru yg sabar dan baik ...kami mohon maaf kalau masih banyak kekurangan...semangat nggih ust 🥰 eh ust kalau muter vidionya jangan kenceng² nggih nanti mundak menjumbul 🤣🤪






matursuwun untuk dulurs di FB, WAG, ataupun WApri, terkhusus Abah n anak sholih and sholihahku, atas ucapan dan doanya untukku
teriring doa yang sama dan terbaik untuk panjenengan semua
jazaakumullah khairan katsiira


Alhamdulillah, di hari miladku, aku hadiahi diriku sendiri dengan mencoba membuat CERKAK

pukul 21.52 WIB kirim

Tambah Ilmu ing Mangsa Pandemi Covid-19

                       Kaya biasane, yen arep mlebu sekolahan sakwuse prei, padha reresik lan tata-tata. Senajan durung pasti arep mlebu ing sekolahan utawa isih sinau saka omah (BDR), nanging wis sepakat Sabtu budal ing sekolahan kanggo persiapan minggu ngarep, dina Senin awal semester loro. Aku kebagian nata buku-buku ing lemari perpustakaan karo salah sijine kanca guru, sing biasa kasebut ustadzah ing lembagaku, yaiku Ust Aina.  Sinambi ngobrol, ben ora krasa olehe mergawe, mbuh kepriye kok ngobrol babagan  angen-angen lan eling-eling sakjerone semester wingi.

“Ust, sak semester luwih wingi, ing sakjerone mangsa pandemi covid-19 opo wae ya sing bisa disyukuri?” Emm..apa yo? Isih bisa nafas, sehat, rejeki, yo meskipun pas pasan, pas butuh ono, hehe…yo wis gak ono maneh,” Ust Aina,wis rumangsa cukup jawabe. “Lali tenan tha iki, yo wis tak elingke, sak liyane kabeh kuwi mau, yaiku tambah ilmu.” Ujarku karo noto tumpukan buku. “Ya Allah, iyo, yo, kok sampek lali aku, padahal  Alhamdulillah banget senajan ing mangsa pandemi covid iki, awake dhewe bener-bener tambah ilmu. Opo wae yo, ayo coba dieling-eling bareng-bareng.

Sepisan, pas awal-awal isih bingung arep menehi opo ning bocah-bocah sing wis diamanahke ning sekolahan. Banjur rembugan karo kanca guru liyane. Nah wektu iku  pas ono mahasiswa PPL saka kampus IAI Sunan Giri Bojonegoro, lan ana usulan nggawe video pembelajaran. Gusti Allah SWT pancen seneng karo An Nuur, lha kok yo pas ono sing PPL ning kene ing wayah PJJ utawa BDR iki. Dadi yo sing nduwe ilmune terus diajarke ing kanca-kanca guru An Nuur. Malah bersyukur banget akhire ditularno uga karo sak kanca guru ing kecamatan Purwosari. Kerja bareng karo Himpaudi nganakne acara Workshop Pembuatan Video Pembelajaran. Manggon ing sekolahane dhewe yaiku TPA-KB-TK Islam An Nuur Purwosari. Sing melu workshop langsung praktek lan didampingi mahasiswa, dibagi dadi wolu kelompok. “Iyo aku eling banget, awal praktek nggawe video pas tema “Makanan dan Minuman Sehat, “ Ust Aina langsung eling. “Aku  kebagian sub tema buah-buahan,” sahutku. Kabeh guru wajib nggawe kanggo dishare ing WAG kelompoke dhewe-dhewe. Ana sewelas rombel KB lan TK Islam An Nuur,  TPA ne prei dhisik. Sakwuse dishare, masyaAllah bersyukur banget wong tuwo murid podho seneng. “Apik ust, mbak Yumna seneng banget, diputer terus videone ustadzah,” jarene ing WAG kelompokku. “Iyo podho, anakku yo njaluk diputerke terus, sing sering-sering nggih ust,”sahut liyane. Alhamdulillah, dadi manfaat ilmune, biso kanggo pilihan model pembelajaran Daring.

Kapindho, pas melu WorkShop Virtual saka PGRI Kabupaten Bojonegoro babagan “Pemanfaatan Literasi Digital Untuk Pengembangan Model Pembelajaran Jarak Jauh,” Iki sing uga manfaat banget kanggo nggawe media pembelajaran sing nganggo bahan kertas. Entuk ilmu macem-macem babagan digital, ana tutorial zoom lan liya-liyane.  Khususe sing  migunani banget kanggo bocah ing PAUD yaiku Flash Card. Awake dhewe langsung praktek nggawe yo, wektu iku, tinimbang tuku lumayan regane. “Yen aku, sing sering tak praktekna nggawe ucapan-ucapan utawa ganti-ganti photo profil nganggo ilmu canva saka workshop iki,”critaku karo senyum-senyum dhewe. “Ow, makane saiki kok sering ganti profile sampeyan, jebule nganggo ilmu canva.com,” jare Ust Aina karo nyampuli buku perpustakaan.

Kaping telu, melu webinar utawa seminar online. “Yen iki sampeyan Ust sing sering banget  melu yo, kan sertifikate kanggo tha yen PNS, yen aku melune yo pas bareng-bareng ning sekolahan kae, nobar pelatihane saka IHF,” jare Ust Aina. “Lan, isoku melu pas ing sekolahan, kan ana wifine, lha lumayan lho yen kanggo zoom, pulsane entek akeh,” diteruske uneg-unege karo sinambi nglebokke buku-buku ing lemari. “Hehe…yo piye maneh Ust, aturane pancen ngono, kanggo nyicil ngumpulke angka kredit. Eh  tapi sing penting kan awake dhewe sakliyane  entuk ilmu saka webinar, saiki dadi bisa  ngoperasikno laptop utawa HP kanggo zoom. Boro-boro sakdurunge, kenal karo lek zoom wae ora tha yo,” guyonku ben iso ngilangi roso sumuk sing mulai krasa ning awak. Malah bersyukur uga, ing kecamatan Purwosari Ketua Korwil nganaake absen saben esuk nganggo zoom.  Salah siji tujuane yaiku guru PAUD ben  kabeh bisa ngikuti perkembangan iptek.

Alhamdulillah, bersyukur ing kabeh kahanan banget disaranake dening agama. Ing Agama Islam ana ayat sing ngelingke yaiku Al Qur’an Surat Ibrahim : 7 sing artine “ Sejatine sopo sing bisa bersyukur, Allah SWT arep nambah nikmat, ananging yen ngingkari nikmate Allah SWT, adzab Allah SWT banget abote.”. Mula saka iku, senajan mangsa pandemi covid-19, yen tetep bisa syukur marang Allah SWT, ana nikmat sing bisa dirasaake yaiku  tambah ilmu.

Sejatine isih akeh maneh ilmu sing bisa diceritaake, iki kanggo conto wae. Sing penting mugo-mugo ilmune bisa dadi ilmu kang migunani ing agama, donya lan akhirat, Aamiin.

 

Banjarjo-Padangan, Rabu, 20 januari 2021/7 Jumadal Akhir 1442 H

 


Biografi Penulis

Nurin Nuzulia,S.Pd.AUD, M.Pd

Lahir di Bojonegoro, 20 Januari 1972  tepatnya di desa Kuncen Kecamatan Padangan Kabupaten  Bojonegoro. Domisili sekarang di desa Banjarjo kec. Padangan. Kabupaten Bojonegoro.

Berkecimpung di dunia PAUD sejak tahun 1997, diawali di Day Care Centre dan  Kelompok Bermain Yayasan Indrya Paramartha Yogyakarta (1997-2001), kemudian di TKIT dan SDIT di LPIT BIAS  Yogyakarta (2001-2003).

Pada bulan Juli 2003 hijrah ke Bojonegoro dan bersama keluarga mendirikan Yayasan Pendidikan Islam (YPI) An Nuur yang berlokasi di Jalan Raya Purwosari  no. 164 desa Purwosari, kecamatan Purwosari, Kabupaten Bojonegoro. Layanan yang didirikan pertama adalah Taman Kanak-Kanak (2003), menyusul Kelompok Bermain  (2006), kemudian SDIT (2010), dan TPA (Taman Penitipan Anak) tahun 2014.

Sampai saat ini aktifitas sehari-hari adalah sebagai Guru di TK Islam An Nuur Purwosari, dan sebagai Pengurus di Forum PAUD Kabupaten Bojonegoro.

Sebagai pendidik PAUD juga  ingin terus berlatih menulis, ingin memiliki sebuah karya.

Alhamdulillah sudah memiliki buku solo meskipun baru satu

 “Kisah Sebuah Almari” (Des, 2018)

 Beberapa tulisan yang masih bergabung dengan para penulis lainnya adalah sbb. :

             1.      Menyirami Tanaman Masa Depan ( April 2017 ), 

2.      Membaca Indonesia dari Bojonegoro (Mei 2017).

3.      Bukan Guru Gagal(Juni 2017),

4.      Kumpulan Puisi Lima Bahasa, Aku dan Muridku (Agustus 2017),

5.      Setangkai Bunga Untuk Ibu (Nov 2017),

6.      Simfoni Umar Bakri (Nov 2017),

7.      Ragam Pantun 25 Guru Indonesia(Juli 2018).

8.      Bunga Rampai Esai PBG  (Des,2018 ),

9.      Puisi Akrostik (Mrt,2019)

10.  Goresan Pendidik PAUD (Feb,2020)

11.  Waspada Gelombang Kedua Corona (Agustus 2020)

12.  Kearifan Kampung Nusantara (Agustus 2020)




 

 

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Day 24 R/Kamis, 040424/Bukber at Home